Dalan 4 Kilo Gedangan Barat–Bantur Ajur Mumur, Pemkab Malang Dianggep Gak Nduwe Program Prioritas!
Dalan kabupaten penghubung Gedangan Barat–Bantur, Kabupaten Malang, kondisine rusak nemen
MALANG - Dalan kabupaten penghubung Gedangan Barat–Bantur, Kabupaten Malang, kondisine wis amburadul nemen. Rusak dawane kurang luwih 4 kilo neng ruas Wonogoro–Gombangan, jarene wis rusak tekan 80 persen. Tapi sampek saiki, sing jenenge dandanan blas gak tau ketok!, Rabu (18/11/2026).
Kepala Desa Tumpakrejo, Miselan, bareng wargane wis mulai muak karo Pemkab Malang. Dalan sing saben dino diliwati wong Malang Selatan iki kok dibiarno ajur koyok ngene.
Dalan kebak jugangan, mbenjol-mbenjol, aspale neng pirang-pirang titik wis ilang blas. Saben dino diliwati warga, arek sekolah, petani, bakul, sampek wisatawan sing arep nang Bantur, Gombangan, lan Wonogoro.
"Wis bola-bali tak usulno, rek. Tapi sampek saiki blas gak didandani. Iki dalan kabupaten, dudu dalan deso. Sing nduwe wewenang yo Pemkab!" ngamuke Miselan.
Miturut Miselan, rusak iki dudu perkoro anyar. Usulan wis ping bola-bali mlebu Musrenbang Kecamatan, tapi hasile? NOL! Gak tau ono sing nggagas tenanan.
Sing marai tambah mangkel, bareng ruas Gondanglegi–Pantai Balekambang munggah dadi dalan nasional, warga ngarep Pemkab iso mikirno dalan kabupaten liyane. Lha kok malah dalane wong deso iki sing dibuang?
"Nek dalan nasional wis ditangani pusat, lha dalan awake dewe kok malah gak oleh prioritas? Anggaran Pemkab iku mlayune nang endi, cok?" ujare Miselan.
Miselan yo gak njaluk kabeh 4 kilo langsung didandani kok. Nek anggaran pancen cekak, yo mbok didandani sitik-sitik. Dimulai teko titik paling parah, 700 meter sampek 1 kilo ae wis cukup.
Perkoro iki tambah ruwet mergo lemahe neng Tumpakrejo lan Gedangan iku lemah ireng karo lemah liat, gampang ambles. Dadi nek mung ditambal sulam tok, yo percuma. Musim udan teko sitik, langsung ajur maneh. Kudu nganggo konstruksi sing bener, sing sesuai karo karakter lemahe.
Efeke yo gak mung gak penak numpak motor. Hasil tani angel diangkut, duit entek gawe ndandani kendaraan, arek sekolah kerep telat, wisatawan yo rawan kecelakaan.
Warga njaluk Dinas Bina Marga Kabupaten Malang ndang obah, ojo mung meneng ae: ndandani darurat titik dalan ambrol neng Gedangan Kulon, nglebokno ruas Gedangan Barat–Bantur nang daftar prioritas, lan mbukak terang-terangan rencana karo anggarane nang endi.
Sementara iku, Kepala Dinas Bina Marga Kabupaten Malang, Khairul Isnaidi Kusuma, S.T., M.T., sing biasa diceluk O’ong, wis dihubungi tim media liwat telepon karo WhatsApp kanggo dimintai tanggapan. Tapi sampek berita iki metu, blas gak ono balesan. Dihubungi ae angel!
Wong Malang Selatan iki gak butuh janji manis utowo didata tok. Sing dibutuhno yo tindakan nyata, jadwal dandanan sing jelas, lan pemerintah sing bener-bener mikirno kebutuhan dasare wong cilik.
Editor :Ira Puspita Dewi







